Artikel Basa Jawa
Assalamu'alaikum.. Kanca-kanca ingkang kawula tresnani. Sak menika lak sampun ngidak mangsa rendheng, nah menika kula gadhah artikel bab mangsa rendheng. Inggih, kula ngertos menawi udan menika butuhe dede artikel ning pangeyupan utawi mantrol, payung nggih sae :( nanging maksud kula sae koook ({}) Iki biyen garapanku karo kanca sekelasku Ca-Kanca. Muga saged migunani dening panjenengan, nusa, bangsa dan agama. hehe
Mesthine kanca-kanca pada udan-udanan iki -kaya bocah- heuheu. Lah sakjane iku bebayani lho.. Marake apa yaa, wah mang maos piyambak mawon. Mangga, disekecakaken...
Angadhepi Mangsa Rendheng
Dening : Eka & Tisha
Ing sasi punika, sampun mlebet mangsa rendheng. Mangsa
rendheng menika salah sawijining mangsa wonten ing bumi ingkang gadhah ciri
yaiku jawah sadinten-dinten saha dangu. Jawah menika anggawe suket-suket ugi
wit-witan padha tuwuh. Wonten ing mangsa ketiga kala wingi, alas-alas padha
garing, suket-suket mati, angel toya, lan hawa ing bumi nginggil.
Mangsa rendheng gadhah
mapinten-pinten manfaat, kayata toya kathah sanget, suket-suket padha tuwuh
dadosaken kewan-kewan boten kekirangan pakan, cocok sanget kangge nyawah utawi
tetanduran. Kejawi manfaat, mangsa rendheng gadhahi bebayan kagem kita. Jawah
ingkang boten mandhek-mandhek nyebabaken banjir, toya ingkang sami nggenang
dadosanken papan kangge amberbala nyamuk ingkang nyebabaken penyakit. Wonten
malih, pas mangsa rendheng, kuman-kuman padha amberbala ngantos pindho luwih
kathah katimbang mangsa ketiga.
Nah, supados kasarasan
kita tetep kejagi, ing ngandhap punika wonten cara kangge panjenengan sedaya
supados tetep sehat ing masa rendheng menika, yaiku:
1. Kita kedah sedia
lan waspada amargi jawah saged dugi kapan kemawon. Ngagem jaket menawa adem,
payung utawi mantol menawa jawah supados kita boten kena toya jawah.
2. Anjagi kasarasan,
ampun udan-udanan, luwih becik ngombe vitamin. Amargi daya tahan kita wonten
ing mangsa rendheng mandhap, dados gampil kenging penyakit, kayata flu, masuk
angin, lsp.
3. Tampungan-tampungan
toya menika dipuntutup, saha kaleng-kaleng bekas ingkang saged kanngge wadah
toya jawah dipunkubur, supados boten dipuncemplungi jentik-jentik nyamuk.
Ndamel selokan, supados toya jawah saged mili lan boten nggenang.
4. Ngangge autan utawi
lotion-lotien sanes supados boten kena nyamuk, minyak kayu putih saha obat-obat
sanes. Menawi adem, ngombe ingkang anget-anget kayata wedang jahe, teh anget,
kopi, lsp.
5. Menawi sampun
sakit, lajeng cepet-cepet diobati, saged ngangge obat warung utawi priksa
wonten dokter saha kedah istirahat ugi dhahar ingkang bergizi.
Komentar
Posting Komentar